Tema
: Jejaring Sosial
Assalamu’alaikum
wr. wb
Ibu
guru ingkang kinurmatan
Saha
kanca-kanca ingkang kula tresnani
Mangga kita aturaken puji syukur katur gusti ALLAH S.W.T ingkang maringi
rahmat kaliyan hidayahipun maring
kita sedaya, saengga kita saged kempal ing dinten punika.
Kula aturaken
matur
nuwun minangka
kapercayan kaliyan kesempatan ingkang dipunparingaken
dhumateng kula kagem maos
pidato kanthi irah-irahan “ Jejaring Sosial”
Rencang-rencang
Asring kita mirengaken tembung “Jejaring Sosial” ing pagesangan sedinten-dinten. Jejaring sosial kathah dipunagem marang
sedaya tiyang
kalebet kita minangka pelajar. Jejaring sosial inggih punika salah satunggaling web berbasis pelayanan ingkang saged ndadosaken tiyang ndamel profil, ngajak utawi nampi rencang
kagem nggabung
ing situs kasebut.
Warni-warni jejaring sosial
inggih
punika
facebook, twitter, instagram lan sapanunggalanipun. Asringipun kita ngangge jejaring sosial, mestinipun wonten
unggah
ungguh sae lan unggah ungguh
awon.
Unggah ungguh
sae utawi dampak positif
saking pangagem jejaring sosial tumrap pelajar inggih punika:
- Ningkataken sesrawungan supados langkung sae
- Nambahi rencang supados langkung kathah
- Nambahi pengetahuan tumrap pelajar
Unggah ungguh
awon utawi dampak negatif
saking pangagem jejaring sosial tumrap pelajar inggih punika:
- Saged ngirangi prestasi pelajar
- Mirsani babagan internet ingkang mboten prayogi dipunpirsani
- Mboten sae kagem kasarasan amargi dangu ing ngajeng komputer utawi laptop namung kagem dolanan jejaring sosial
- Pelajar kesupen dumateng wektu
Rencang-rencang
ingkang kula tresnani,
Dados kesimpulanipun, kita minangka pelajar saged mbedakaken unggah ungguh sae
kaliyan awon ingkang saged maringi faedah kagem
piyambakipun.
Wasana cekap semanten atur kula, mugi-mugi punapa ingkang kula aturaken saged
bermanfaat dumateng kita sedaya.
Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun pangapunten. Matur suwun.
Wassalamuallaikum
Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar